Translate

Kamis, 03 November 2016

ESEMAN WILIS



(Nur Aulia Elgietasari)

Dinten minggu wayah libur
wektune para remaja kumpul ing dusun
rembag perkawis dusun kang rukun
resik lingkungan bak acara mingguan
resik resik lingkungan
bebas seka macem  penyakit
urip tentrem lan aman
tanpa ngetokna akeh duit pangobatan
pancen sederhana
gelem priyatin marang lingkungan

PANGERAN



(Nur Aula Elgetasari)


Hamba dudu sapa sapa
namung wong lemah
ora bisa apa apa
mung donga panyuwunku, Ya Rabb
tuntun hamba ing dalan ridhomu
duh gusti pangeran


PAPAN ISTIMEWA



(Nur Aulia Elgietasari)

Megah bangunane yen  disawang
putih warna gedunge
jembar parkiran mobil ambulane
papane dokter ngabdi marang ilmune
kebak pasien ing pojok ruangan
kaya semut baris
sesarengan ngantri administrasi  obat
njuk tempat istimewa
papane wong mratamba

LENTERA PERADABAN



( Nur Aulia Elgietasari)

Kang aran pahlawan tanpa tanda jasa
pahlawan tanpa imbalan
bak rupa rembulan
rembulane para murid ing sekolahan
nuntun kanthi jembar segarane
alus tata kramane
pitutur kang nyejukake ati kang ayem
pitutur kang luhur
ikhlas pengabdiane
mikat ati eseman kang manis
dene aturaken sugeng enjang
slira gawe donya kang padhang
sanajan kula asring remidian
bu guru tetep katresnan
sanajan kula asring petakilan wektu pelajaran
pak guru mung lumrah amarga guyonan
sinar rembulan asli pancen asli temenan
nerapake tata krama pawiyatan
andhap asor kui bebudene
kanthi  unggah  ungguh kahanan
tuladha pendidikan
lentera peradaban

JAMAN EDAN




( Nur Aulia Elgietasari)

Srengenge kang surga bagaskara
pertanda awal golek prakarya
tetes kringet golek sega saupa
pancen saiki wus beda
jaman iki wis edan
pejabat kang seneng nilem duit pamerintahan
tanpa mikir rakyat pada kelaparan
dusta campur kenistaan
uga penghianatan
sugih banda nanging kasil haram
bebudene kang ala
ora nduweni tata krama
aja
dudu yen iki jaman edan
yen becik perlu dadi tuladha
yen ala perlu ditinggalna